Rabu, 19 Januari 2011

lirik campursari


Meh Rahina

Bawa:
Hayo rowang hangayahi kardi
Nora kendhat pambangune desa
Pinudi murih becike
Supaya tansah maju
Ngupakara karang lan kitri
Guyub rukun tumandang
Asengkud gumregut
Temah dadya tata harja
Handayani murah sandhang pangan yekti
Jro kutha desa-desa

Lagu:
Wus meh rahina sumirat bang ing wetan prenahe
Para tani wiwit mangkat anggarap sawahe
Amanggul pacul garu luku anggereg kebone
Andalidir anglur selur datan ana pedhote

Gliyak-gliyak angliyak tansah rame ing gawe
Sesambene tetembangan laras lelagone.. Laras lelagone..

Mungguh pedahe wanci ngundhuh tikel pawetune
Subur makmur murah sandhang pangan wekasane






Imbangana Katresnanku


Saben dina mung ngalamun
Jroning sepi-sepi samun
Amung tansah kadulu
Wewayanganmu dhuh kangmas wong bagus

Linali tan bisa lali
Saya angrerujid ati
Lelewane wong bagus
Tansah kumanthil ing padhanging netra

Apa tega sira kangmas cidra ing janji
Misahke katresnan jati
Lamun mangkono piye katresnanku
Piye katresnanku...

Mangka kangmas katresnanku
Bebasane tan bisa tinuku
Cundhuk lan prasetyaku
Tak korbanake jiwa lan ragaku

 

 




 

Melathi Rinonce


Lha kae wus mrene nyangking kembang melathi rinonce
Tandha yekti teteping kasaguhane
Nuli masrahake tak tampa nuli dikalungake
Saya tresna tak sawang katon eseme

Ing nguni prasetya tan nedya ginggang sarema
Uwis nyata bisa gawe rasa mulya

Iki pasangonku mawar kuning kang kudu sumandhing
Pangajabku asih lahir trusing kalbu








Kangen

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati

Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tersnaku terusing ati

Kangen!… wong kangen ngene ngene rasane
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu

Kangen!… wong kangen opo opo tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu

Klopo mudo enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi






Esemu
oleh: Manthous


Suwe ora ketemu, cah ayu
Gawe kangening atiku
Taksuwun rinten lan dalu
Pamujiku manggiha rahayu

Lha piye genah-genahe, yo kene
Takanti-anti kabare
Ora esuk ora sore
Mung kelingan sak solah bawane

Reff:
Nadyan mung krungu swarane
Apa maneh yen nyawang eseme
Bebasan segara madu
Kalah manis..sing manis pancen esemmu

Iba bungahing ati, cah manis
Antuk nugrahaning Gusti
Ora mung jroning impenku
Bisa nyanding sliramu, cah ayu







Konco Tani
oleh: Manthous


Ee… Ibo senenge
Konco tani yen nyawang tandurane
nyambut gawe
awak sayah seneng atine

Reff:
Parine lemu-lemu
polowijo lan uga sak wernane
katon subur, kabeh tuwuh
kang sarwo kinandur

Panyuwunku tinebehno saking sambikolo
sih ing gusti mugi-mugi lestari widodo

sayuk rukun rame-rame
gotong-royong kang dadi semboyane
konco tani saka guru tumerap negarane







Rondo Kempling
oleh: Manthous

Ndak pundi Mbak Ayu
bade tindak pundi?
kadingaren tindak wae
ora numpak taksi

Dewean opo ora wedi?
Timbang nganggur
kulo gelem ngancani

Kleresan mas alias kebetulan
blanjane kathah rada kabotan
Ha yen purun enggal-enggal ngrencangi
tekan omah mangke kulo opahi

Ee… Tobil wong Legan golek momongan
Niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan?

Ampun gelo mas
sampean ampun kuciwo
kulo rondo anyaran ditinggal lungo

Awan-awan lungo blonjo
ning pasar pahing wing-wing…
Prawan rondo kanggoku ora patek penting wing-wing…

Ning Semarang Mas..
Tuku gelang karo anting-anting
Jo sumelang yo ben rondo
dijamin kempling..

Kempling lho mas….

Muanteb… tenan



Anting-Anting
oleh: Manthous

Ting anting ‘mbang cempoko
tondo moto soko seliramu
Ting anting tondo tresno
lahir bathin sineksih lintange wluku

Ling eling dek semono
rembulane ketutupan mego
gawe kekesing ati
nganti anti tekane radyan permadi (si jantung hati)

[Reff: 2X]
Anting-anting dhek kembang cempoko
woheing aren mbokyo eling dhok semono
Emprit gantil menclok ning witing pari
tansih gumantil ono njero ning ati

Ting anting ‘mbang cempoko
tondo moto ugo tanda tresno
Ling eling dek semono
yen ra nyandhing rasane ning ati gelo





Ojo Gawe-Gawe
oleh: Manthous

Bolak-Balik dikandani
bolak-balik wis diaturi
Mas.. kok ora digape
Jare ngono, kok malah ngene
Jare ngene, lha kok malah ngono
Mas.. priye karepe?

Aku ngulon, sampeyan ngetan
Duwe bojo koyo jethungan
Mas.. ora karuan

Mbiyen piye saiki piye
Sampeyan wis ngerti dewe
Mas.. ojo gawe-gawe

Reff:
Saben bengi ditinggal lunga
Saben bengi ditinggal lunga
Aduh dek.. aku dewe’an
Tuku wijen dipangan semut
Turu ijen nggo pakan lemut
Adu dek.. sopo-sopo sing tahan

Bola-Bali wis dikandani
bola-bali jare wis ngerti
Aduh mas.. jarene ngerti
Cianjur di Sukabumi
Terlanjur jadi penyanyi
Aduh mas.. gimana lagi

Ayo-ayo bebarengan
lan ora perlu sujanan
Mas.. opo gunane
Sing penting podo ngertine
ngelingi kuwajibane
Sing tentrem rumah tanggane

Simpang Lima
oleh: Manthous

Njanur gunung dik
malam minggu kok ngalamun
(malam minggu kok ngalamun)
biasane sore-sore wis diapeli

mangan timun… (mun)
mangan timun jo dicampur sabun (wakakakak…)
timbang nglamun luwih becik angelipur ati

malem minggu dik
malem minggu yo’ mlaku mlaku
(malem minggu mlaku-mlaku)
melu aku…
melu aku neng simpang lima

rame-rame…
rame rame karo kancane (karo kancane)
indahe kutho semarang wayah-wayah sore

(diukir-ukir kayune jeporo, ayo ro)
ojo dipikir ning ati dadi leloro
(sego pecel, sate kerang neng simpang lima, ayo ma)
tiwas mangkel kebacut ditinggal-tinggal lungo




Pipo Londo
oleh: Manthous

Mas.. timun diiris-iris
Ojo nglamun-ojo ngelamun ra wis uwis
Kecipir - kecipir dipangan luwak
Yen dipikir-dipikir ngrusakake awak

[Reff:]
Mas.. gethuk opo-opo telo
Yen ra pethuk- yen ra pethuk ojo gelo
Mikul suket, yo mas yo, ilang taline
Yen tresno banget, eh pancen angel laline

Pipo londo
Utang gethuk opo nyaur telo dik
Tiwas methuk sing dipethuk ra sido teko

Pipo londo
Ngenyam pandan digawe kloso dik
Tiwas dandan jebul ning ati nelongso

Mas.. jambu opo-opo jeruk?
Yen ra ketemu - ra ketemu
mbok ojo ngamuk

Ketimun - ketimun dinggo rujakan
timbang nglamun yo mas yo
ayo guyonan

[kembali ke Reff:]

Pipo londo
Utang gethuk opo nyaur telo dik
Tiwas methuk sing dipethuk ra sido teko

Pipo londo
Ngenyam pandan digawe kloso dik
Tiwas dandan jebul ning ati nelongso
Nginang Karo Ngilo
oleh: Manthous

Eh eh eh.. nginang karo ngilo
Kothak cilik mas nggo wadah mbako
Aku Emoh-aku emoh yen kowe ngono
Plonga-plongo anggepmu koyo wong bodo


Dituthuk nganggo pipo ledeng
Isi kapuk mas jenenge klentheng
Tiwas methuk- tiwas methuk sikile kemeng
Bareng pethuk jebule malah mentheleng

Eman eman di-eman-eman
Wong dolanan malah dadi tenanan
Eman-eman di-eman-eman
Eman-eman jebule ora keduman

Pilih gethuk opo pilih tape
Podo-podo mas.. soko telane
Mbiyen piye saiki katone piye
Yen ra mathuk mumpung podo butuhe

Eh eh eh.. nginang karo ngilo
Numpak jaran mas.. jarane belo
Mbiyen kae-mbiyen kae janji ra ngono
Bungah susah jare dinggo wong loro

Kelinci Ucul



ngubengi kutho sateruse,
ing ndeso ndeso
mergo aku anggoleki sing tak tresnani,
kelinciku ucul

lungo mengetan, suroboyo,
terus nyang mbali,
mengulon lungo nyang mbandung,
ora ketemu,
terus aku nyang jakarta,

jebul ora ketemu,
adhuh kelinciku,
ojo mbletho aku,
terus bali, nyang semarang,
kelinciku wus ono kandang

lan jebulane grusa grusu,
keburu nepsu,
wekasane montang manting,
ragade akeh,
aku dhewe kang kebanting





Resepsi.

Yen pinuju angrawuhi malam resepsi
Kakung piutri ngagem
busono kang edi peni

Para putri sami lenggah
Jejer katon rapi

Yen sinawang nganti
Koyo kontes widodari

Poro priyo lenggahe
Rodho adoh sawetoro

Uthak uthik lirak lirik
Ngguya ngguyu
Mesam mesem
Sajak arep mundut lagu

Sinten niku lenggah pojok
Ndelik ono mburi
Menga-mengo sajake
Kok ono sing diwedeni


Poro priyo lenggahe
Rodho adoh sawetoro

Uthak uthik lirak lirik
Mesam mesem
Ngguya ngguyu
Sajak arep mundut lagu

Sinten niku lenggah pojok
Ndelik ono mburi
Menga-mengo sajake
Kok ono sing diwedeni

 Sengit Manthous ft Nurhana ~


Bola-bali tak kandani yo mas yo
Bola-bali tak aturi yo mas yo
Kowe lungo awan bengi lali anak lali bojo
nuruti karepe ati

Tak kandani wanti-wanti yo dik yo
Lungaku golek rejeki yo dik yo
Aku mulih duwite mesti
nJaluk opo tak turuti, kebutuhan tercukupi

Sengit aku, sengit aku ala sengit aku
Kepingin marah padamu
Nanging kowe malah nesu
Sing nesu kudune aku, lha kok ra rumongso kleru

Nganggo kathok beneke dedel yo dik yo
Wong wedok kakean rewel, kok mesti bawel

Aku gemang mas,
wong lanang mbok ojo seneng ngumbar wirang

Jaran kepang ala jaran kore yo dik yo
Wong lanang menangan dewe, iku jamane

Ela elo mas,
Jo ngono, jo ngono yen tak tinggal cotho

ha nggolek meneh

Getun Manthous


Getunku setahun
ning ati gelo, rasane kuciwo
Sithik-sithik mung ngalamun
anelongso rino awan wengi

Gumunku setahun yeng lagi bingung
soyo tambah bengong
Iwak gerameh pangan welut
piye maneh wis barang kebacut

Pripun kepriben…
Minta ampun ketiban amben
Mboten purun lha nggih kajenge

Nambahi bingung
Jarene wong gethun
yen digeged mboten mantun mantun










mBah Dukun


Permisi mBah, kulonuwun
nopo ngriki daleme mBah Mangun?
Sing kondhang dadhos dukun
tetombo mesthi mantun
gadah putri namine Atun

Kulo mriki mBah,
estu bade pados jampi
jampi wuyung
sanes jampi wudhun

Pripun mBah?
Pripun mBah Dukun?
Ampun terus ngalamun
Keng putra Atun, mBah,
kadhos kulo nggih purun
mesthi enggal mantun

Permisi mBah, Si mBah Dukun
Terimakasih alias maturnuwun
Sakit kulo pun mantun
diparingi Atun
Sak niki kersani kepripun

Kulo niki mBah
anake wong tani yutun
sugih beras, sugih pantun

Pripun mBah?
mBah Dukun ampun terus ngalamun
Duh aduh aduh, ampun mBah
Keng putra Atun, mBah,
niki tumbasanipun:
anduk kalih sabun

Putro Nuswantoro


Anakku sing bagus dhewe
besok pinter sekolahe
yen Wis biso nyambut gawe
kudhu mlaku sak mesthine

Cup menengo ngger anakku
ojo pinter nangis wae

Anakku sing bagus dhewe
besok pinter sekolahe
cup menengo ngger anakku
sing tansah tak domo-domo
Dadiyo satrio tomo
Labuh marang nuso bongso

Reff:
Enggal menengo anakku
welaso marang ibumu
didawuhi kudu nggugu
biso gawe mareming atiku

Adoh dununge bapakmu
ngayahi kewajiban luhur
yen wis rampung mesti kondur
nuswantoro subur makmur






SETYA TUHU

Bawa Dandanggula Sidoasih:

Pamintaku nimas sida asih
Atut runtut tansah reruntungan
Ing sarina sawenginé
Datan ginggang sarambut
Lamun adoh caket ing ati
Yèn cedhak tansah mulat

Sida asih tuhu

Pindha mimi lan mintuna
Yo nimas bareng anetepi wajib
Sida asih bebrayan   

Aku kang setya satuhu
Wit biyèn nganti saiki
Bebasané peteng kepapak katon sumunar....

Andika pangayomanku
Lair batin tuwus nyata
Mung sajaké andika sakmuné kurang rena
               
Tanda yekti paseksèné rikalané
Ngangkat awrat mlampah tebih datan nesu

-Mugi lestariya-
Mugi antuk berkahing widi
Andika mung tansah nimbang
Panyuwunku setya kula tansah anglam-lami

GELO

Gelo gelaning atiku
Yèn kèlingan jamané semana
Pisan ketemu sliramu
Katoné nyata kenya idamanku

Téga-tégané atimu
Gawé gela lan gawé kuciwa
Kadung atiku wis kadung tresna
Nora ngira lan ora nglegéwa

Éman wong ayu tak éman-éman
Wong tenanan dikira aku dolanan
Éman wong ayu dak éman-éman
Manising lathimu gawé cuwaning atiku

Ukir-ukir Dhik kayuné Jepara
Wajik klethik énak dinggo wédangan
Yèn takpikir nèng ati marakké lara
Luwih becik..eh becik dinggo guyonan










KASMARAN

Yèn arep crita karo sapa
Yèn ora crita kok saya nelangsa
Saya suwé kok ngéné rasané
Sedina-dina kok natoni waé

Yèn ora sambat wis ra kuwat
Arep njaluk tulung bingung lèhku nembung
Tekan suk kapan bisa mendhem iki
Kasmaran pria kang kepati-pati


Tindak-tanduké kang ora digawé
Larang èsemé nggregetaké

Ya bèn mung ngimpi ora papa
Yèn ati iki bisa dadi lega
Dhèwèké teka lan kanda yèn tresna
Piyé-piyé aku prasah lan lila









SARUNG JAGUNG

Abote kabacut tresno
Tak rewangi korban jiwo rogo
Mlaku adon tang ngresulo
Watone sesandingan
Kang gawi sing tentrem rasaku
Nadyan munggah gunung ora wegah

Watone tansah sumanding
Mung tansah eling sarung jagung
Rasane kabotan tresno
Yen tan weruh sedino koyo setahun
Sarung jagung abote rasaku…













TETESING WASPO

Rino wengi
Ora kendat anggonku memuji
Ojo nganti manggih rubedo sawiji
Mogo mugo
Kaleksanan opo kang sinedyo
Labuh projo iku kwajibaning bonso

Mung welingku
Kang tumuju mring sliramu
Ojo lali
Paring kabar kang wigati

Tetesing waspo
Tondo tresno kang tanpo upomo
Ora nedyo
Ngurangi antebing karso














NGALAMUNING ATI

Yen tak roso
Rakuwowo roso jroning ati
Tansah kelingan Kembange netro
Nggodo aku rino wengi

Pancen nyoto
Yen sih rupo nora mitayani
Nanging aku wus kebacut tresno
Angel nggonku angoncati

Pamujiku
Mbok bisoo katekan setiaku
Katresnanku …. Uuuu….uuuu… uuuu
Ditimbangi tresno kang satuhu

Koyo ngopo
Ibu bungah roso jroning ngati
Katekan setiaku kang tak arah
Bejo nggonku urip iki










CANDRAWILASITA

karosing tyas
myating candra wilasito
duh kusumo
mustikaning jagad raya
kawulanta manganti-anti
sih iro
kapan baya nggonjang neng pagulingan

(sekar tengahan)














PRASETYAMU

yen tak roso prasetnyamu
marang aku soyo malah suci
aku nunggu pawartamu
kanggo tombo kapangin atiku

lali datan biso lali
dalu ngimpi yen siang malelo
tansah kathon aneng netro
ora biso yen tinggal sak retno

aku tansah setyo tuhu
ora tego ninggalke sliramu
eling esemu angambar wangi
biso dadi kekes jroning ati

ing wanci tengahing ratri
mugo eling prasetyo lan janji
nadyan adoh ing pandulu
mung sliramu kang ono ing kalbu















TAK ELING ELING

tak eling eling
opo sliramu sing nate ketemu
ing naliko iku
candik ayu sumunar netramu

sore kang edi
amung esemu sing ora nguwati
nadyan widodari
kalah endah anyengsemke ati

semar sabrang
legog legog ning ngumah bingung
jae wono sak umpomo
wiwit iku
atiku poyang payingan

tak eling eling
pancen sliramu sing marah marahi
mbesok kapan aku
biso nyanding lintang panjerino

semar sabrang
legog legog ning ngumah bingung
jae wono sak umpomo
wiwit iku
atiku poyang payingan

tak eling eling
pancen sliramu sing marah marahi
mbesok kapan aku
biso nyanding lintang panjerino

YEN ING TAWANG ONO LINTANG

yen ing tawang ono lintang
cah ayu
aku ngenteni tekamu
marang mega ing angkoso
nimas
sung takokke pawartamu

janji janji aku eling
cah ayu
sumedot rasaning ati
lintang lintang ngiwi iwi
nimas
tresnaku sundul wiyadi

dek semono janjimu
disekseni
mego kartiko
kairing roso tresno asih

yen ing tawang ono lintang
cah manis
rongokno tangising ati
binarung swaraning ratri
nimas
ngenteni bulan ndadari








GALAMUNING ATI

Yen tak roso
Rakuwowo roso jroning ati
Tansah kelingan Kembange netro
Nggodo aku rino wengi

Pancen nyoto
Yen sih rupo nora mitayani
Nanging aku wus kebacut tresno
Angel nggonku angoncati

Pamujiku
Mbok bisoo katekan setiaku
Katresnanku …. Uuuu….uuuu… uuuu
Ditimbangi tresno kang satuhu

Koyo ngopo
Ibu bungah roso jroning ngati
Katekan setiaku kang tak arah
Bejo nggonku urip iki









PRASETYAMU

yen tak roso prasetnyamu
marang aku soyo malah suci
aku nunggu pawartamu
kanggo tombo kapangin atiku

lali datan biso lali
dalu ngimpi yen siang malelo
tansah kathon aneng netro
ora biso yen tinggal sak retno

aku tansah setyo tuhu
ora tego ninggalke sliramu
eling esemu angambar wangi
biso dadi kekes jroning ati

ing wanci tengahing ratri
mugo eling prasetyo lan janji
nadyan adoh ing pandulu
mung sliramu kang ono ing kalbu









TAK ELING ELING

tak eling eling
opo sliramu sing nate ketemu
ing naliko iku
candik ayu sumunar netramu

sore kang edi
amung esemu sing ora nguwati
nadyan widodari
kalah endah anyengsemke ati

semar sabrang
legog legog ning ngumah bingung
jae wono sak umpomo
wiwit iku
atiku poyang payingan

tak eling eling
pancen sliramu sing marah marahi
mbesok kapan aku
biso nyanding lintang panjerino

semar sabrang
legog legog ning ngumah bingung
jae wono sak umpomo
wiwit iku
atiku poyang payingan

tak eling eling
pancen sliramu sing marah marahi
mbesok kapan aku
biso nyanding lintang panjerino

Megat Tresno / Vokalist Cewek

Yen Kelingan marang sliramu wong bagus
Koyo rinujit rujit jroning atiku
Dasar biyen biyene
Aku katon opo
Saikine aku iki katon opo

Dhek semono sliramu nate prasetyo
Bungah susah dilakoni kanthi lilo
Nanging aku ra ngiro
Yen sliramu tego
Ninggal kromo milih karo kenyo liyo

Jan jane iki mau salahe sopo
Kok nganthi sliramu megatake tresno
Ora nyono atiku ugo ora ngiro
Saikine uripku banget nelongso

Duh wong ayu mung welingku mring sliramu
Ojo tego welaso putro putriku
Aku wong ora guno
Lopo tur kuciwo
Wis tak tompo
Pasrah karo kang kuwoso

Yen Kelingan marang sliramu wong bagus
Koyo rinujit rujit jroning atiku
Dasar biyen biyene
Aku katon opo
Saikine aku iki katon opo

Dhek semono sliramu nate prasetyo
Bungah susah dilakoni kanthi lilo
Nanging aku ra ngiro
Yen sliramu tego
Ninggal kromo milih karo kenyo liyo

Jan jane iki mau salahe sopo
Kok nganthi sliramu megatake tresno
Ora nyono atiku ugo ora ngiro
Saikine uripku banget nelongso

Duh wong ayu mung welingku mring sliramu
Ojo tego welaso putro putriku
Aku wong ora guno
Lopo tur kuciwo
Wis tak tompo
Pasrah karo kang kuwoso

Gulu Pedhot


Dudu watu yen di arani pasir
Watu kambang keli ono ing pinggir
Lagi ketemu aku wis kroso naksir
Kelisikan koyo kelangan pikir

Wit kelopo kuwi jenenge gelugu
Di sigari diporo dadi pitu
Saben dino aku rabiso turu
Kangen diko ngomong ora kewetu

Areng areng bakar gedang nganggo geni
Sampe gering awakku iki mikiri
Gedang rojo sak tundun dipangan codot
Timbang wurung aluwung guluku pedhot

Godok sawi di urap karo kelopo
Ati iki aseline mung kanggo diko
Gedang rojo sak tundun di peretheli
Yen ra percoyo bedahen dodo iki

Yen ra percoyo bedahen dodo iki
Timbang wurung aluwung guluku pedhot

Yen ra percoyo bedahen dodo iki
Timbang wurung aluwung guluku pedhot








Lara Branta...


Yèn kèlingan mring sliramu aduuuh
Kadya rinujit atiku
Yèn siang tansah katon ngleléwa
Dalu datan bisa néndra


Apa sliramu wis lali tenan
Dhèk semana natih janji
Nedya arep urip bebarengan
Bungah susah dilakoni


Reff:
Nanging aku ora ngira
Yèn sliramu bakal cidra
Bareng saiki wis mulya banjur krama
Ora nganggo kandha-kandha


Wis pesthiné lelakonku aduuuh…
Aku mung kudu narima
Sapa kang bisa paring usada
Nggonku nandang lara branta

















yen tak roso
ra kuwowo roso jroning ati
tansah kelingan kembange nendro
nggudho aku rino wengi

pancen nyoto
yen si rupo yo ra mitayani
nanging aku wis kebacut tresno
angel nggonku angoncati

pamujiku
mbok biso'o katekan sedyaku
katresnanku....di timbangi....
tresno kang sak tuhu

koyo ngopo
ibo bungah roso jroning ati
ketekan sedyaku kang dak arah
bejo nggonku urip iki


 

 

 

 

 

 

 

Tanjung Mas Ninggal Janji


Bebasan kaya ngenteni
udan ing mangsa ketiga
snajan mung sedhela
ora dadi ngapa
penting bisa ngadhemke ati …ouwo..
semono uga rasaning atiku
mung tansah nunggu tekamu
ra krasa setaun kowe ninggal aku
kangen, kangen ing atiku

aku sih kelingan
nalika ing pelabuan
kowe janji lunga ra ana sewulan
nanging saiki wis luwih ing janji
nyatane kowe ora bali – bali

neng pelabuhan tanjung mas kene
biyen aku ngeterke kowe
neng pelabuhan semarang kene
aku tansah ngenteni kowe

 

 

 

 

 

 

Aja digondheli

Biar ga lupa kalo mau nyanyiin lagunya ….. taruh di blog aja ..

- Janjine ora tenanan Jebule kriwikan dadi grojogan,

Saben saben dielingke, nanging sajake kok anteng wae
Puluh – puluh wis bejaku ya dhik ya, wis pancen dadi nasibku
Tak suwun marang sliramu, aja dadi runtiking atimu

Iwak cucut diwadahi karung, becik mbacut tinimbang wurung
Aduh mas tinimbang wurung

Menyang pasar kok tuku cipir, aja samar yen ra tak pikir
Aduh dik aja kuwatir

Manuk gagak kok ngaku merak, pancen sengaja pancen dijarak
Aduh mas sakit hatiku

Ana Kadal mangani roti, ndang tak budhal aja digondeli
Aduh dhik aja digondeli

Kembang kacang kembang kedele e lae
Glopa – glape dadi gawe
Yen pancen dikarepake, ayo enggal aku terna mulih bae


]
Ojo Sembrono    

ampyang gulane jowo yo mas yo
pilih kacang opo klopo
dadi wong lanang mbok ojo sembrono
ojo sembrono

glali jenange gulo yo mas yo
wong lali ora rumongso
sarwo-sarwi ngguyokake tingkahe
suwe-suwe kok mangkelake

REFF:
aduh dik aku sing kleru
ojo dadi atimu
durung-durung kowe wes nesu
neng kali gowo pancingan
wong lali ora kelingan
yen lali ora kelingan

aduh dik aku sing luput
ojo pijer prengat-prengut
wong ayu dadi sembrawu
sosor bebek disosor meri
salahku dewe mohon disori
besok-besok gak lagi-lagi

manis gulane batu jo kleru
sing dodol rupane ayu
janji kemis mesti dadine setu
yen kagol tak tinggal mlayu

 

 

MEGAT TRESNO

YEN KELINGAN
MARANG SLIRAMU WONG AYU
KOYO RINUJIT RUJIT JRONING ATIKU
JAMAN MBIYEN MBIYENEAKU KATON OPO
SAIKINE AKU IKI KATON OPO

DHEK SEMONO SLIRAMU NATE PRASETYO
BUNGAH SUSAH DILAKONI KANTHI LILO
MULA AKU RA NGIRO
YEN SLIRAMU TEGA
NINGGAL KRAMA MILIH KARO PRIA LIYA

JAN-JANE IKI MAU SALAHE SOPO
KOK NGANTI SLIRAMU MEGATAKE TRESNO
ORA NYONO ATIKU UGO ORA NGIRO
YEN SAIKINE URIPKU BANGET NELONGSO

DUH WONG AYU
MUNG WELINGKU MRING SLIRAMU
OJO TEGA WELASO PUTRA PUTRIMU
AKU WONG ORA GUNA
POPO TUR RA KUASA
WIS TAK TAMPA
PASRAH KARO SING KUWASA


Tresno sudro

Aboting wong nandang tresno
Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo ayu sing merak ati

Awan bengi ra biso lali
tansah eling esem mu
Nganti kapan aku rangerti
biso nyanding sliramu

Abote dadi wong sudro
tresno tulus ora dipercoyo
Wong tuwo ngumbar sujono
tansah ngiro aku wong durjono..

Pancen dalan sing tak liwati..
ngalor ngidul mung dengkul..
paribasan turu kelesetan
uripku tansah cedhak pancoban..

Reff:
Cah ayu..cah ayu tak enteni…
Lilane wong tuwamu maringke kowe..
Sing sabar…sing sabar yo tresnaku…
Ing tembe mburi bakal dadi duwekku

Duh..Gusti… sing tak Puji..
Paringono dalan..kanggo tresnaku..






kere munggah bale

nok....
barek wati
saiki uripmu soyo mukti
nyandang nganggo ora nguciwani
mergo saiki wis dadi penyanyi

nok...
barek wati
gayamu jan koyo selebriti
mulo saiki kowe lali
karo aku sing dadikne penyanyi

*
eling... 2x
kowe biyen dodol sego kering
bareng saiki dadi wong kondang
kowe njur lali karo kahanan

eling... 2x
kowe biyen dodol sego kucing
bareng saiki dadi wong gede
kowe koyo kere munggah bale

nok..
barek wati
senajan saiki kowe lali
nanging tetep tak dungaake
mugo-mugo baliyo dadi kere

nok..
barek wati..
biyen omahmu jan ora bejaji
saset ora biso nggo bakar trasi
ning saiki wis apik koyo loji

nok...
barek wati
kowe saiki cidro ing janji
janjimu biyrn ora bakal lali
karo aku sing ndadekne penyanyi




Aku Terjatuh ST 12


* aku terjatuh, aku terjatuh lagi di pelukanmu
aku terjatuh, aku terjatuh lagi di pelukanmu
*courtesy of LirikLaguIndonesia.net
ku sadar diri tiada lagi rasa cinta
namun diriku tak ingin engkau terluka

repeat *

reff:
sudah ku bilang hapus air mata
cinta ku hilang meninggalkanmu
kamu tlah berbeda setengah gila [tergila-gila]
hidupku terasa, terasa hampa

sudah ku bilang hapus air mata
cinta ku hilang meninggalkanmu
kamu tlah berbeda setengah gila [tergila-gila]
hidupku terasa, terasa hampa

repeat *
repeat reff [2x]









Angge Angge Orong Orong
[cowok]
netes banyune moto
aku nangis ketiban ondo
rondo tak kiro prawan
kadong tak kawin anake sak kandang

[cewek]
pancen aku wes rondo
rondo tuo anake limo
nanging aku sik biso
diwolak walik koyok goreng telo

sapi manak larang regane mas…
anak lima bedo bapakne

[reff]
[cowok]
angge angge orong orong
ora melok gawe melok momong
entuk rondo rondone ompong
nduwe anak sak gede kingkong

angge angge orong orong
ora melok gawe melok momong
[cewek]
anak limo akeh mangane
penting mbokne akeh tirakate

[cowok]
eling jaman semono
wayah kawin nanggap bal balan
tamune rame tenan
nganti sing nonton akeh sing pingsan

[cewek]
amplope akeh tenan
entuk duit karung karungan
wes podo kondangan nganti akeh sing podo kelangan
prawan rondo podo wae mas…
nandyan ompong enak rasane

[reff]
[cowok]
angge angge orong orong
ora melok gawe melok momong
entuk rondo anake limo
ngumpul bareng turune kloso

angge angge orong orong
ora melok gawe melok momong
[cewek]
tuku pitik karo anake
kabeh kui dadi resikone



Liwat angin sore
Titip kangen ning ati
Numpang ngapurane
Durung biso nemoni

Tak suwun slirane
Gelem sabar ngenteni
Percoyo'o sayang
Aku ra bakal lali

Kangen aku kangen sliramu
Rindu aku pingin ketemu

Liwat angin sore
Titip kangen ning ati
Numpang ngapurane
Durung biso nemoni

Padang rembulan ning pelataran
Koyo nggugah ati kang kasmaran
Wanci wis wengi sansoyo sepi
Soyo nggegowo suwunge ati

Kanggo sliramu sing tak tresnani

Lirik Lagu Campursari


STASIUN TUGU . by Dimas Tedjo

Ing wengi iku
Nalikane aku pisan ketemu
Tak untapake sliramu pamit aku
Pamitmu bali ning kuthomu

Sepining ati
Nalikane ing wengi kuwi
Ora ngiro tumetes eluh ing pipi
Duh sliramu kapan bali

Kusumaning ati
Amung donga lan amung pamuji
Kutho Ngayogja
Kang tansah ngancani
Sepining rasa ati iki

Stasiun tugu
Sing dadi seksi kang bisu
Mugo-mugo sliramu eling aku
Kapan kondurmu tak tunggu


Back to:


Ing wengi iku
Nalikane aku pisan ketemu
Tak untapake sliramu pamit aku
Pamitmu bali ning kuthomu

Sepining ati
Nalikane ing wengi kuwi
Ora ngiro tumetes eluh ing pipi
Duh sliramu kapan bali

Kusumaning ati
Amung donga lan amung pamuji
Kutho Ngayogja
Kang tansah ngancani
Sepining rasa ati iki

Stasiun tugu
Sing dadi seksi kang bisu
Mugo-mugo sliramu eling aku
Kapan kondurmu tak tunggu








Dadi Ati

Bawa:
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Lagu:
Goleki sing kaya ngapa
Wong nyatane kelakon seprene
Bola-bali gendra wekasane malah mbangun tresna

Dudu bandha dudu rupa
Mung atine dadi tetaline
Guyub rukun kadya pepindhane mimi lan mintuna

Wus jamak lumrahe yen wong urip coba lan godhane gedhe
Suprandene ora nganti ndadak dadi gawe..

Rina wengi dadi ati
Wong prasaja luhur bebudene
Dhasar thik gemati momong putra alus bebudene