Rabu, 19 Januari 2011

Lirik Lagu Campursari


STASIUN TUGU . by Dimas Tedjo

Ing wengi iku
Nalikane aku pisan ketemu
Tak untapake sliramu pamit aku
Pamitmu bali ning kuthomu

Sepining ati
Nalikane ing wengi kuwi
Ora ngiro tumetes eluh ing pipi
Duh sliramu kapan bali

Kusumaning ati
Amung donga lan amung pamuji
Kutho Ngayogja
Kang tansah ngancani
Sepining rasa ati iki

Stasiun tugu
Sing dadi seksi kang bisu
Mugo-mugo sliramu eling aku
Kapan kondurmu tak tunggu


Back to:


Ing wengi iku
Nalikane aku pisan ketemu
Tak untapake sliramu pamit aku
Pamitmu bali ning kuthomu

Sepining ati
Nalikane ing wengi kuwi
Ora ngiro tumetes eluh ing pipi
Duh sliramu kapan bali

Kusumaning ati
Amung donga lan amung pamuji
Kutho Ngayogja
Kang tansah ngancani
Sepining rasa ati iki

Stasiun tugu
Sing dadi seksi kang bisu
Mugo-mugo sliramu eling aku
Kapan kondurmu tak tunggu








Dadi Ati

Bawa:
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Lagu:
Goleki sing kaya ngapa
Wong nyatane kelakon seprene
Bola-bali gendra wekasane malah mbangun tresna

Dudu bandha dudu rupa
Mung atine dadi tetaline
Guyub rukun kadya pepindhane mimi lan mintuna

Wus jamak lumrahe yen wong urip coba lan godhane gedhe
Suprandene ora nganti ndadak dadi gawe..

Rina wengi dadi ati
Wong prasaja luhur bebudene
Dhasar thik gemati momong putra alus bebudene

Tidak ada komentar:

Posting Komentar